Diberdayakan oleh Blogger.

BTemplates.com

Blogroll

RSS

Pages

Cerita Cerkak Basa Jawa "Dolan ing Kelud"


NAMA     :  FACHRUDIN  AMANDA  PUTIA
KELAS.    :  XII – IPA  2
NO  :  09
S


DOLAN  ING  KELUD


Kamis, 16 Agustus 2018. Aku lan konco-konco sekolahku nduweni acara jalan-jalan lan apacara ning nduwur gunung kelud . Sakdurunge hari- H , kene wis nyiapno kebutuhan lan persiapan apa wae sing bakal dibutuhke. Rapat cilik-cilikan gar bagi panitiane , pesertane , tugas-tugase lan liyan-liyane. Sing melu budhal ono bocah 11, yaiku aku ,satria,hardin. Muzzaki,hendri,desila, arya, yaumil,noval,fahmi, lan adek kelas , dadine aku kebagian motoran bareng satria.
Mulih sekolah aku langsung balik kos-kosan lan nyiapno barang-barangku,sakwise siap aku langsung maem nang texian bareng satria .Amargo wis rodo dalu aku ngutus satria mulih ndisik lan nyiapno barange.
“ sori awakmu mulih ae ndisik , barang-barangmu lang disiapno, ngko tak parani omahmu “ tuturku
“ yo man , aku tak mulih , ngko kirimi ya opo wae seng kudu tak gowo “ balas satria
“ oke, sat “
“ ndisik ya man , Assalamu’alaikum “
“ wa’alaikumsalam”
Sakmarine maem, aku langsung marani satria nang omahe lan banjur balik nang kosku bareng.
Konco-koncoku janjian  kumpul ning kosku jam 16.00 wib . tapi wayah iku isih sitik sing teko . Pas jam 17.00 wib lagek lengkap teko kabeh. Dadine kene langsung lungo bareng, absen lan langsung budal tekan pom kalianyar, kene ngisi bensin bareng-bareng ,sakbare ngisi bensin kene langsung bablas indomaret temayang. Amargi koncoku yaumil lan arya nyegat nde kuno. Sampae nde indomaret kono leyeh-leyeh lan tumbas jajan.
“ Broiku wes peteng tapi kene durung mlebu area, piye iki ? maghriban ndisik to ngko pas lewat alas ae ? takonku
“ mending sholat sek ae lo “ jawabe satria
“ ojo ! sholat pas lewat alas ae ketimbang ngko pas ndek alas peteng kabeh , “ saute fahmi.
“ setuju aku !” bales yaumil
“ ojo setuju tok ae we mil , dipikir sek enake pie “ bales desita .
“ tapi aku yo setuju mbek fahmi , mending sholat pas lewat alas ae, ketimbang ngko peteng-peteng ndek alas petukan mumun lak nangis ngko muzzaki ha..ha..!” sahutku mbek guyon.
“ yowis lang ayo budal , selak peteng iki !” saute hendri
“ siap !” balas arya
Dadine kene langsung cepet-cepet budal , sampe ndek tengah alas langit wes rodo peteng,. Dadine aku nganut hendri sing lampu sepedahe padang mlaku ndek ngarep.
“ hen , awakmu ndek ngarep ae, lampumu sing padang” anutku.
“ siap, bos “, bales hendri .
Hendri langsung manggon ndek ngarep lan aku ning mburine .
Alas temayang iki jan sepi tenan gak ono omah babar pisan .Wong lewat yo jarang-jarang. Dadi kene  yo kudu tetep waspodo soko barang negatif opo wae , Untunge aku boncengan karo satria sing bocahe akeh omong lan rodok gak jelas . Dadine aku rodok gak mikir soal barang-barang negatif sing ono ing alas.
Sakwise kelewat alas , kene langsung maghriban ing masjid sing ga sepiro gedhe . Jamaah maghrib lan diimami yaumil . Sakdurunge berangkat keneistirahat ngemil roti sing digowo Hendri . Amargi rotine kurang , dadi roti siji kudu gawe bocah loro lan kudu kebagian kabeh. Amargi kabeh nduweni slogan ABSOLUTE BROTHERHOOD. Istirahat sediluk langsung bablas maneh. Ing dalan kene ketemu rombongan  touring liyan .Dadi kene kudu saling nyapa lan bantu yen dijaluki tulung mergo soko dolan iso dadi dulur .
Tujuan kepisan yaiku SLG utowo simpang lima gumul. Perjalanan soko Bojonegoro nganti Kediri sekitar 4 jam .Tekan SLG sekitar jam 21.00 wib . Tekan kono kene langsung foto-foto bareng lan nngawe video parodi “ numpak RX –KING ‘
“ Bro , ngerti video sing viral iku gak ?” pitakonku.
“ sing ngendi leh? Sing beritane hoax iku gak ?” jawab hendri
“ ogak sing numpak RX-KING mau lo “ omongku
“ oh, iyo ngerti “ beres desila
“ lha ketimbang nganggur ngene  mending ayok nggawe  sopo ngerti iso viral , he he              balesku
“ wah masyuk akal , ayo !” jawabe  noval ngegas
“ ayo kabeh , aku ngarep ya “ balesku
“ gas pol , man “ sahut hendri tekan mburi
Kene langsung nggawe video iku , sampe kudu ngulang terus amargo kabeh podo guyu kemekel . Tapi akhire dadi lan podo uploed sosmed dewe-dewe
Gak keraso wis jam 10 bengi kabeh podo lesu lan pegelen . Dadine yaumil nelfon kancane sing ono ing Kediri . Sekitar 15 menit kancane yaumil teko , kancane ono 3 , ndekne nggolekne kene maem bengi sing cocok,. Kene serombongan diarahno ing warung sego goreng ing pinggir ndalan . segone rodo gak enak tapi keroso enak mergo kene maeme bebarengan. Aku maem karo takon-takon ning koncone yaumil masalah dalanan ning kelud . soale wayah iku kanca kanca pada pengen ning kelud.
“ pie mas, kelud teko kene adoh ora?
“ nek sampeyan sepedhana paling sejam setengah mas.”
‘lha dalane apik ra? “
“ apik mas” jawabe yaumil
“ oke mas suwun ya.’
“ ngko nek apene merunu tak temu sampe perbatasan mas.”
‘”oke suwun lo mas.”
“ Gaopo mas antai ae, dulur kok.’
“ whew oke mas.’

Dadi sak marine maem , kene langsung diarahno koncone yaumil sampek perbatasan kelud. Ternyata dalane sepi banget dadi kene iso banter. Dalane ternyata alas ,peteng lan sepi banget.Tapi kene wis biasa soale serombongan kawit ndek mau wis lewat alas. Dadine yo wis biasa ae lah. Sampe tekan perkiraan kelud iku sekitar jam 11 bengi . perkiraaane ndek nduwur gunung dadine hawane adem banget. Tekan perkiraan isa masi pemandangan kota kediri sing ketok bintik bintik lampune ditambah maneh bintang bintang ing langit sing indah, dadine kene foto bareng nggawe mode monual sing hasile bakal indah banget.
‘woi iwangi bangun camp !.’ sentak hendri
“ hehe sepurane hen foto sek ya ! . “ jawabe noval
“ hehe.”
“ rene lo foto sek.”
“awas ae we! Gausah turu camp.”
“ ampun om.”

Pas tendane dadi ternyata gamuat kabneh masuk. Dadine ono bocah sing kepekso turu ndek njobo. Aku salah sijine, aku ndek njobo gak kuat banget nahan adem . dadi aku karo adek kelas mutusno turu ning warung. Tapi ternyata aku isih kademen dadine aku turu gawe kelengkapan montor lengkap termasuk jaket, sepatu lan helm. Nah tibake aku turu kebelanjur sampek isuk pas sing nduweni warung teko. Tapi pas iku kanca kancaku gaono sing nggugah aku. Dadi pas sing nduwe warung teko aku isih turu lan dalam keadaan gawe helm. Pas iku aku dadi bahan tontonan bocah bocah sing arep muncak.
“ woi man tangio ! wes isuk ! .” Fahmi ngegas
“ waa wes isuk! Bengoke cah cah saka adohan.”

Kerungu iku aku langsung tangi lan kaget mara mara ana bocah akeh ning ngarepku ngawasi aku tangi turu. Aku isin poll wayah iku. Nyiset raiku, ngempet isin, tapi mari iku , kanca kanca padha njaluk sepura marang aku.

  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • RSS

0 komentar:

Posting Komentar